-->

Senin, 11 Februari 2013


Assalamu’alaikum Wr.Wb
Alhamdulillah. Alhamdulillahirobila alamin. Wabihi nasta’inu ‘ala umurudunya wadin syaidinnamuhammadin wa’ala alihi washobihi ajma’in.
Panjenengannipun bapak Pangarsanipun Pawiyatan, bapak …………………………….., bapak ibu guru, karyawan-karyawati SMA Negeri 1 Bantul, saha kanco-konco ingkang kulo tresnani. Minangka purwakaning atur, sumonggo kitho tansah ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun gusti Allah ingkan sampun kepareng paring mapinten-pinten karohmatan, hidayah, kasempatan lan kawilujengan satemah panjenengan dalasah kulo saget kempat wonten SMA Negeri 1 Bantul kanthi entenging penggalih.
Nyuwun pangaksama, wondene kulo sampun kumawantun madeg matur wonten ngarso  panjenegan seedoyo, nun inggih awit saking adrenging manah kulo minongko wakil kanco-konco kelas pitu tuwin kelas wolu badhe nderek matur.
Kulo minongko wakil kelas pitu saha kelas wolu, ngaturaken panampi atur perpisahan saking roko kelas sanga.  Kulo ngraosaken bingah dene roko kelas sanga sampun kasil ujianipun satemah saget medal saking SMA Negeri 1 Bantul kanthi asil ingkan sae.
Roko kelas sanga ingkan kulo tresnani, kulo minongko wakil kelas pitu tuwin kelas wolu, kulo sak kanco nyuwun pangapunten awit sedoyo kekirangan saha kalepatan kulo sak kanca. Kulo sak kanca ugi ngaturaken maturnuwun awit saking pitedah ingkan dipun paringaken datheng rayi kelas pitu tuwin kelas wolu.
Kulo sak kanco mboten saget caos piwalen punapa-punapa anaging dongo mugi-mugi saget kasil menapa ingkan dipun idam-idamaken. Sejatosipun tugas roko kelas sanga meniko langkung aurat malih. Amargi langkung inggil pendidikanipun langkung inggil ugi tugas engkan dipun rampungaken, pramilo panjenengan kedah nggadahi greget ingkan ageng anggenipun nimbo ngelmi supados menapa ingkan dipunidam-idamaken saget kasembadan.
Para pilenggah sedoyo ingkang kulo hormati,
Kulo kinten cekap semanten atur saking kulo. Menawi wonten keladuk lepat kulo nyuwun lumunturing sih samudro pangaksami. Kupat janure tuwo, sedoyo lepat nyuwun pangapuro.

Wasalamu’alaikum. Wr. Wb.