-->

Senin, 07 Juli 2014

ACARA HALAL BIHALAL

Assalamu’alaikum Warohmarullahiwabarokhatuh

Alhamdulillahirobil’alamin…
Sedoyo puji kagunganipun Alloh ingkan nguwaosi sedoyo alam, ingkang sampun paring mapinten-pinten nikmat kulo panjenengan sami. Sakperangan nikmat ingkang sakelangkung ageng, inggeh puniko nikmat iman lan islam  ingkang njalari kulo panjenengan sami saget mbentenaken pundi ingkan leres lan pundi ingkang lepat, pundi ingkang sae lan pundi ingkang awon mekaten lan saklajengipun.
Sholawat salam konjuk dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, tumedhak dumateng garwo putro, poro shohabat, lan sedoyo penderekipun kalebet kulo panjenengan sedoyo ingkang tansah mawantu-wantu syafaatipun benjang wonten ing dinten Yaummul Qiyamah, Allahumma amiin.
Mradopo saking kersanipun panitia, keparenga kulo kadhawuhan matur kinen nglarapaken menggah laksitaning adhicoro Halal bi Halal 1 syawal 1433 H wekdal sakmeniko.
Kanthi mekaten keparenga kulo aturaken bilih adicoro:
1.      Pambuko
2.      Ikrar Syawalan ingkang dipun dherekaken Panjeneganipun……………………………
3.      Doa, ingkang Kasuwunaken Panjenenganipun…………………………………………..
4.      Jawat asto, ingkang dipun dherekaken panjeneganipun………..
5.      Panutup
Bapak ibu ingkang kulo0 hormati, kinaryo ngemani wekdal, sumonggo adicoro Halal bi halal ing wekdal puniko kapurwakani kanthi waosan “BASMALAH” kulo dherekaken…………….
Maturnuwun mugi kanthi waosan kasebat, ndayani pepanggihan lumampah kanthi wilujeng.
·         Ndungkap adicoro ongko kalih : ikrar syawalan, pramilo dhumateng ngarsanipun (…………………………….) wekdal kaaturaken.
·         Ndungkap adicoro ongko tigo : Doa, pramilo dhumateng ngarsanipun (…………………………….) wekdal kaaturaken.
·         Ndungkap adicoro ongko sekawan : Jawat asto, pramilo dhumateng ngarsanipung (……………………………) wekdal kaaturaken.
Bapak/ibu ingkang kulo hormati, adicoro purwo, madyo, lan wusono sampun kalampahan kanthi wilujeng, kulo ingkang ndherekaken kathah kalepatan nyuwun agengnging pangapunten, lan sumonggo adicoro kapungkasi kanthi waosan “HAMDALAH” sesarengan.

Wasallamu’alaikum warohmatullohiwabarokatuh..