-->

Senin, 09 Desember 2013

Assalamu’alaikum Wr. Wb
            Ibu pangarsanipun pawiyatan ingkang dahat kinabekten, bapak ibu guru ingkang kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kulo tresnani.
            Puji syukur kunjok dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun ngluberaken rahmat tuwin hidayah satemah kulo panjenengan sedoyo saged kempal wonten ing SMP 1 Sanden ingkang sae puniko kanthi acara pengetan tanggap warsa ingkang kaping seket tahun.
            Shalawat sarto salam mugi tansah katetepno dhumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, tumedhak dhumateng garwo, putro, shabat, penderekipun pendherek lan insyaallah lumeber dhumateng kulo panjenengan sedoyo. Amin.
            Bapak, ibu guru ingkang dahat kinurmatan lan para pilenggah sedoyo ingkang tansah kulo hurmati, SMP 1 Sanden pancen papan pawiyatan ingkang tansah misuwur. Pawiyatan ingkang paling sae tumrap warga masyarakat kabupaten Bantul. Murid-muridipun ugi tansaya sae, saking penampilan, karakter utawi watak, lan ugi  nggadahi kapinteran ingkang tansah linangkung kathah. Satemah SMP 1 Sanden katon jaya ngantos warsa puniko.
            Warsa meniko, tepatipun surya kaping sewelas desember kalih ewu tigowelas, SMP 1 Sanden nembe nandang tanggap warso ingkang kaping seket. Warsa ingkang paling sae kagem ningkataken prestasinipun, lan sedaya ingkang dipun betahaken supados SMP 1 Sanden saget linangkung moncer wonten Daerah Istimewa Yogyakarta lan sakkiwotengennipun.
            Kanthi pengetan tanggapwarsa puniko, mangga kito sami ndedongo sesarengan. Mugi-mugi SMP 1 Sanden linangkung sae, linangkung moncer lan linangkung celak kalian warga masyarakat sekitaripun. Wiwit dinten puniko, manga kito wungu, kito mbenahi ingkang kirang sekeco,ingkang sedoyo wau kagem majengipun SMP 1 Sanden meniko.
            Kulo kinten mboten prayogi menawi atur kulo meniko kula panjang wiyaraken. Kulo lan kanca-kanca ugi nyuwun tambahing pangestu mugi agen kulo sakkonco pados ngelmi wonten SMP 1 Sanden saget kasil lan lancar ing sedayanipun. menawi kirang trepipun tuwin kirang tata karma anggen kulo matur, kulo nyuwun agunging samodra pangaksami. Ing wasana kula kantheni sesanti “Omah suwung, omah demit. Sampun rampung nyuwun pamit.”
            Wassalamu’alaikum Wr.Wb.


1 komentar:

Matur Nuwun, bermanfaat sekali :-)